Langsung ke konten utama

Wacan Bocah Kudu Nggenah

Bangsa ngendi wae ora arep duwe impen para mudhane mundur bebudene. Wis makaping-kaping kita diajak ngrembug pentinge “Pendidikan Karakter” kanggo anak turun kita, bangsa Indonesia. Lan wis samestine yen kita sarujuk lan wajib melu nyengkuyung babagan kuwi kaleksanan liwat kabeh jalur sing bisa diterobos (jalur pendidikan informal, formal, uga nonformal). Salah siji cara kang efektif kanggo melu cawe-cawe menehi teladhan karakter pinunjul para mudha bisa katempuh sarana nyedhiyani wacan kang apik, kreatif, lan bisa ditampa konsumen buku wacan kasebut. Buku kang dadi objek ing paparan iki yakuwi seri kumpulan dongeng bocah asesirah “Kura Sugih Reka.”

Buku kasebut ora buku anyar gres. Wacan bocah kang kalebu dongeng kasebut diterbitake Yayasan Jawi Adi, Surabaya tahun 2006. Ana lima paraga kang dadi tim penulis buku: Moechtar, Suparto Broto, Aryo Tumoro, Kukuh Setyo Wibowo, lan M. Wijotohardjo. Jeneng-jeneng kang ora asing maneh ing kancah kesastraan tanah Jawa. Kang menehi illustrasi Kussunaryono.  Sepisan maneh, buku kasebut ora anyar gres. Ananging ora ana salahe diomongake, amarga buku kasebut isih umur balita, lagi arep patang tahun. Lan maneh, akeh wong tuwa, uga sekolah kang durung mangerteni anane buku kasebut.

Fisik buku cukup nengsemake. Kertas cover kang apik lan ayu ilustrasine, gampang narik kawigatene para bocah. Dongeng katulis ing kertas HVS kanthi pilihan lan ukuran aksara kang gampang kawaca bocah. Wacan kasebut uga dijangkepi gambar/ illustrasi kang diselaraske karo judhul dongeng kang dibabar. Blegere buku kasebut wis samestine didesain kanthi diselarasake tahapan perkembangan kognitif bocah kang dadi konsumen buku kasebut. Kang diarah dadi konsumen buku kasebut yakuwi bocah umur-umuran SD (bisa sadurunge, TK, lan sauwise, SMP).  Ing umur kasebut, nurut Jean Piaget (dalam Trianto, 2007: 22) mlebu tahap perkembangan operasi konkrit. Umur pitu tumekane 11 tahun bocah wis bisa ningkatake cara mikir kang logis. Bocah wis ora mikir sentarsi, ananging wis bisa mikir desentrasi, cara mecahke masalah wis ora diwatesi keegosentrisan. Gambar kura lan kethek kang disawang bocah ing cover buku bisa dadi magnet pemantik kang positif tumprap thukule minat maca buku kasebut. Uga gambar kang ana sela-selane tulisan dongeng, tansaya ndadekake rasa pengin ngerti isi buku kasebut. Bocah kelas siji tumekane kelas telu SD kalebu tataran “pembaca pemula”. Nah, gambar lan aksara kang cetha wis samestine ditampilke kanthi atraktif.

Gunane buku kumpulan dongeng kasebut kapacak cekak aos ing pambuka buku. Kumpulan dongeng kasebut diajab bisa nyengkuyung pasinaon basa Jawa ing SD lan SMP. Luwih saka kuwi, amarga kurikulum SD kelas rendah (kelas siji nganti kelas telu) nerapake pembelajaran tematis, wacan ing buku kasebut bisa uga digunakake ing pasinaon mata pelajaran liyane. Luwih-luwih yen para dwija kersa nerapake pendekatan pembelajaran terpadu lintas kurikulum, luwih omber maneh buku kasebut bisa digunakake dadi srana kanggo dhidhik budi pekerti. Ngiras pantes kanggo memetri lan nglestarekake budaya lan basa Jawa kang wis rada suda digunakake ing pacelathon padinan.

Ana dongeng cacah lima ing buku iki, yaiku: Kura sugih Reka, Mulabukane Kucing Memungsuhan Karo Tikus, Gagak Nyolong Kapuk, Luwak Keok Mungsuh Blekok, sarta Akal lan Okol. Sing ndadekake buku iki duwe nilai plus amarga crita kapacak ora mung diwernani gambar/ ilustrasi kang apik tumprape para bocah (gambar-gambar kewan kang cukup atraktif), ananging uga dijangkepi kamus kecik kang banget kanggo tumprape bocah kang urip jaman global iki. Akeh ukara-ukara basa Jawa kang wis ora familiar tumprape bocah saiki. Contone jeneng kewan luwak lan blekok, bocah saiki luwih ngerti ukara musang lan bangau. Iki conto kang gampang kanggo kaum sepuh, ananging angel tumprape bocah. Ana maneh kang patut diacungi jempol, babagan fonologi uga ditampilke ing tulisan dongeng kasebut. Pangucap ‘e’ ing pacelathon basa Jawa ana tataran khusus kang perlu diucapke kanthi bener. Contone ukara iki:”Wit gedhangé kethèk ditandur ing lemah....” Saka conto kasebut bocah dikenalke fon (bunyi bahasa) aksara e kang ana telung pocapan (é, e, lan è).  Basa Jawa pranyata luwih elite tatarane, lan bab iki perlu dimangerteni bocah supaya luwih bungah duwe basa lokal kang adiluhur. Yen wacan jangkep kaya mangkene iki asring diakrabi bocah-bocah, kaum sepuh wis ora patut nyimpen rasa kuwatir basa Jawa tumpes ing tembe kawuri.

Bab rega ora perlu diwedeni. Kagolong murah. Jumlah halaman uga ora akeh, mung 47 kaca. Iki ora ndadekake bocah wedi milih buku kasebut kanggo wacan padinan. Yen gambar-gambar kewan ing sela-selane dongeng fabel kasebut digawe berwarna kaya gambar sampul, mestine nambah resep buku kasebut.

Dongeng-dongeng kasebut kalebu wacan bocah kang nggenah (patut dadi tuladhan). Wacan ngandhut tuntunan budi pekerti luhur kang becik dimangerteni bocah-bocah Jawa (Indonesia) ing jaman krisis moral iki. Wis samestine buku kasebut apik diwaca anak turun kita. Guru TK, SD, lan SMP apadene wong tuwa becik melu maos, utawa maosake wacan kasebut kanggo narik kawigaten putra-putri supaya luwih berbudi pekerti. Sapa maneh kang nyengkuyung upay ngrembakake basa Jawa, yen ora kita kabeh. Kearifan lokal ora bab kang angel, ayo melua maca lan macakake dongeng iki kanthi rasa tresna marang budaya bangsa kita.

Penulis : Panca Dewi Purwati
Pegiat Wedangjae, Guru, Pemerhati Basa Jawa
*Naskah Terbit di Penjebar Semangat, Surabaya.


 

Komentar

Populer

Mengenal Benturan Peradaban : Sebuah Pengantar

Apa perbedaan ideologi dengan peradaban ? Bagaimana pengaruhnya terhadap tatanan global dunia? Dimanakah posisi ideologi dan peradaban dalam gerakan mahasiswa ? Adalah pertanyaan fundamental yang layak dipahami oleh seorang aktivis gerakan mahasiswa muslim. Yang jelas, setelah blok komunis runtuh pada kurun waktu 1980-an, maka perbincangan tentang ideologis dianggap sudah selesai. Para pemikir kemudian kemudian menemukan cara pandang baru yang lebih komprehensif yaitu peradaban. Dalam tataran lokal masional, friksi diantara tiga ideologi besar --nasionalis, agama (Islam), dan komunis—tidak lagi menarik dibicarakan dibanding dengan pembicaraan seputar peradaban barat, Islam, dan konfusian. Tulisan berikut ini bukanlah sebuah analisis orisinil penyusun, tetapi kumpulan tulisan dari beberapa penulis dan pengamat peradaban yang dimuat dimedia massa, baik berupa artikel, resensi, maupun kutipan-kutipan dari esai ilmiah populer. Dengan harapan, dapat digunakan sebagai bahan diskusi yang

Award dari Majalah SWA

Award dari SWA Kliping majalah SWA edisi 3 NOvember 2008 , saat bersama temen-temen di komunitas penulis, Komunitas Wedangjae, mendapat anugerah Award sebagai komunitas terbaik kedua Paling Berkontribusi aspek Kebangkitan Bangsa. Survei dilakukan oleh Prasetya Mulia Bussiness School . Piagamnya, berpigura, sampe dirumah kira-kira3 minggu kemudian.    Kalimatnya : Certify that KOmunitas wedangjae who Construct Inspiration of Society. (alhamdulillah) . Tampak dalam foto, 3 pegiat  Wedangjae : Joko Kristiyanto, Edhi Prayitno Ighe, Doni Riadi

Milestone Wedangjae Online

Assalamu'alaikum Wr.Wb, Ini adalah sebuah milestone atau sebuah tonggak baru atau Nol Kilometer bagi Komunitas Wedangjae online. Setelah didirikan tahun 2002 dan memiliki web untuk pertama kali tahun 2003 di Geocities (free) menggunakan Dreamweaver, Flash, dan Frontpage, hingga mengalami pasang surut dengan web berbasis CMS berdomain dotcom (2006-2010) dan dotnet (2010-2017), kini Wedangjae hadir kembali dalam bentuk yang lebih praktis, menggunakan blog engine sebagai 'angkringan'-nya. Sebagian tulisan adalah arsip digital para pegiatnya atau kegiatan yang pernah dilakukan Wedangjae, sehingga tanggal posting sebelum Maret 2018. Sebagian yang lain adalah karya terbaru di awal-awal tahun 2018. Semoga bermanfaat. Wassalamualaikum Wr.Wb.