Bangsa ngendi wae ora arep duwe impen para mudhane mundur bebudene. Wis makaping-kaping kita diajak ngrembug pentinge “Pendidikan Karakter” kanggo anak turun kita, bangsa Indonesia. Lan wis samestine yen kita sarujuk lan wajib melu nyengkuyung babagan kuwi kaleksanan liwat kabeh jalur sing bisa diterobos (jalur pendidikan informal, formal, uga nonformal). Salah siji cara kang efektif kanggo melu cawe-cawe menehi teladhan karakter pinunjul para mudha bisa katempuh sarana nyedhiyani wacan kang apik, kreatif, lan bisa ditampa konsumen buku wacan kasebut. Buku kang dadi objek ing paparan iki yakuwi seri kumpulan dongeng bocah asesirah “Kura Sugih Reka.” Buku kasebut ora buku anyar gres. Wacan bocah kang kalebu dongeng kasebut diterbitake Yayasan Jawi Adi, Surabaya tahun 2006. Ana lima paraga kang dadi tim penulis buku: Moechtar, Suparto Broto, Aryo Tumoro, Kukuh Setyo Wibowo, lan M. Wijotohardjo. Jeneng-jeneng kang ora asing maneh ing kancah kesastraan tanah Jawa. Kang menehi illustrasi ...
Wacana dan Analisis Jurnalisme Empatik